KANG TARNO NGOMYANG

Sabtu, 31 Agustus 2013 komentar
Hai awakku, koe iku asu
Rino wengi ngributi aku
Kakean mangan kakean penjalukan
Minggato mblusuko kuburan.

Hai awakku, koe iku asu
Anamu namung dadi beban
Ngrumati kewan alas rak kenal pecutan
Ndang lungao ojo ganggu aku.

Hai awakku, koe iku asu
Aku wes ra betah, tinggalno aku
Aku arep lungo ojo nggendoli
Iki dudu omah, ora sing tak kangeni.

Hai awakku, koe iku asu
Tinggalno aku
Wis ojo ngributi aku
Aku ra pengin dadi asu.

#KangTarno_22agustus13

::.gambar dari sini

komentar

Posting Komentar